Ban Bocor



            Indah murid jurusan bahasa ing SMA Tunas Bangsa sing paling ayu dewe, Indah seneng karo tangga kelase sing jenenge Wawan arek jurusan IPA. Indah saben ketemu wawan mesti gugup gak isa ngomong apa-apa mung isa nyawangi Wawan.
Ing sawijining dina pas jam istirahat, Indah lan kanca-kancane mangan ing kantin, pas iseh mangan Indah kaget amergo enek wawan lan kanca-kancane sing jektas teka lungguh ing ngarepe Indah lan kanca-kancane Indah, sakuwise Wawan lan kanca-kancane lungguh, Indah nyawangi Wawan lan ogak nerusake mangane. Kanca-kancane indah mung maseni Indah lan guyu, amergo kanca-kancane Indah wis pada ngerti lak Indah seneng marang Wawan nanging Wawan gak ngerti lak Indah seneng marang dheweke. Ing kunu Wawan lan kanca-kancane mung lungguh karo omong-omongan.
Bel mlebu kelas wis muni, Wawan lan kanca-kancane balik menyang kelas, indah mung isa nyawangi Wawan tekan adohan mlaku menyang kelase.
Indah kaget di tabok kanca-kancane. “ Ndah ayo baliking kelas, wes mlebu lo. Aja nyawangi Wawan ae.” Omonge kancane Indah menyang Indah.
“ ogaklah, gek lapo aku maseni cah gak genah koyok Wawan, sing isane mung dolan tok karo kanca-kancane” Indah mangsuli omongane kanca-kancane. Kanca-kancane Indah mung guyu karo balik ing kelas.
Ing dina senin Indah bingung ing pinggir embong ngarepe bengkelamergo ban sepedahe bocor lan ora ana len lewat, Indah wedi telat tekan sekolah.
Wis jam 06 : 30 Indah mlaku tekan bengkel menyang sekolahe sing adohe iseh5KM.
Pas ing dalan Indah kaget, ana arek sragaman sekolah SMA Tunas Bangsa sing numpak sepedah motor ninja mandheg ing ngarepe Indah. Indah mandheg lan mikir sing aneh-aneh amergo wedi dheweke dijahati karo arek sing sragaman sekolah SMA Tunas Bangsa kuwi. Pas arek sing mandheg ing ngarepe Indah mbuka helm Indah kaget, amergo sing mbuka helm lakokne Wawan. Indah kaget lan gugup nyawangi Wawan.
Wawan iseh ing duwur motor noleh menyang Indah lan ngomong “ Indah lapo kok mlaku, wes awan lo”. Nanging Indah mung mringis karo nyawangi Wawan amergo gugup, ing jero ati Indah ngomong “ Wawan wis weruh jenengku”. “Indaaaaahh. . . . kok meneng wae to” Wawan ngomong menyang Indah. “ Ehh . . . sepurane Wan, iki mau sepedahku bocor aku maleh mlaku menyang sekolah “ Indah mangsuli omongane Wawan. “ Oalah. . . ayo bareng aku wae, wis awan iki, selak telat tekan sekolah.“. Indah gak mikir dawa langsung numpak menyang motore Wawan, pungkasane Wawan lan Indah isa teka sakdurunge upacara dina senin dimulai.
Mulih sekolah, Indah dibarengi wawan, amerga wawan wis omong menyang Indah lak Wawan bakal barengi Indah menyang bengkel panggonane sepedahe Indah di dandakake. Sakwise ing bengkel, Indah wis gak kuat nahan perasaane menyang Wawan, arek kang disenengi wis 2 tahun, pungkasane ing ngarep bengkel Indah ngomong matur suwun wis gelem barengi Indah budal lan muleh sekolah. Indah ngomong menyang Wawan “ Wan, sepurane sakdurunge, asline aku wis merhatikne awakmu wis 2 tahun iki, aku seneng dina iki aku isa ngomong lan isa bareng awakmu , aku sebenere duwe perasaan menyang awakmu, sepurane ya lak aku kaya ngene”. Wawan kaget ngenani omongane Indah lan Wawan ngomong menyang Indah “ I love you too Indah “. Indah gugup nangin seneng, Indah langsung ngrangkul Wawan, wong sing wis suwi disenengi. Wawan karo ngrangkul Indah ngomong “ Aku sebenere wis suwi seneng awakmu, tapi aku wedi amerga sainganku akeh, tapi aku saiki gak wedi amerga wong sing tak senengi pada senenge menyang aku ”.” masak to ? kok aku gak ngerti to Wan “  pitakone Indah marang Wawan. Wawan mangsuli pitakone Indah “ Aku sing mastikne lak awakmu gak ngerti amerga aku isin lan wedi, sepurane ya, tapi saiki wes gak enek sing perlu diwedeni “.
            Pungkasane Indah lan Wawan seneng isa ngaweruhi perasaane wong kang disenengi. Saiki Indah lan Wawan gak perlu golek kasempatan supaya isa nyawangi wong sing disenengi, amergo dheweke wis status hubung